CILAKA
dening : Mei Nur Diah
SMA N 1 Gamping
Sasi ramadhan kuwi sasine bocah-bocah
cilik padha seneng yen kon neng mesjid. Wiwit seko sik paling anem tekan para
wong tuwa kabeh-kabeh ana ing mesjid padha ta’jilan ya , ana sik maca qur’an ,
playon , lan uga ana sik gur lungguh-lungguh ngenteni buka.
Sore iki kepasan udu jatahku ngulang
ngaji mula le ku mangkat seko omah ya radha sore, tekan mesjid mak gejajug
atiku kaget weruh bocah-bocah cilik ora kaya kahanan biasane yen aku ngulang
ngaji, ora eneng sik playon lan bengak-bengok apa meneh nanti ana le nangis
mbasen tak ceraki.
“
dek neng mesjid ki padha arep ngaji , golek snek apa gur arep dolanan ? ”
pitakone Rina marang bocah-bocah senadyan karo mbentak
“
arep golek snek mbak ” wangsulane salah sijine bocah
Pancen bocah-bocah kui radha angel
diatur lan senengane nyelelek marang kan luwih tuwa, ora nduwe rasa wedi yen
durung sing tuwa nesu tenan, mula para pengajar ya nanti gedhek le ngajari.
Rina saya muntab weruh wangsulan kaya
mengkono kui mau. Banjur dewek e akon bocah kui mau maca surat al-fatihah ping
pitu. Bocah kuwi banjur nangis lan mlayu mulih, aku ngerti yen aku kudu nguyak
bocah kui mau, nanging bocah kui mau tetep pengen mulih. Aku mung iso ndelok
kahanan kui mau, nanging udu Tyas jenenge yen nanti raiso gawe kahanan ayem
meneh.
“
mbak mrene metu o , kula mawon sek ngajari bocah-bocah ” aturku marang Rina,
atiku ndredek sakwetara amerga aku ya wedi marang Rina.
“
ya gek kana Yas ” wangsulan Rina.
Mbasen weruh aku mlebu bocah-bocah padha
guyu sajak padha bungah atine. Weruh kahanan kuwi aku ngajak bocah-bocah padha
nyanyi ayo-ayo ngaji.
“
cah ayo nyanyi ayo-ayo ngaji ” aturku marang bocah-bocah kuwi mau
“
yo ayo mbak Tyas ” semaure para bocah bebarengan
“
setunggal, kalih, tiga ” aku ngitungi
Bocah-bocah padha seneng yen diajak
nyanyi bareng. Rampung nyanyi wektu wis nunjukake buka. Aku nuntun bocah-bocah
padha maca doa sawis ngaji, buka puasa ,mau makan lan sing terakhir doa medal
mesjid. Para wiranem liane padha siap-siap mbagekake snek takjilan katon
bocah-bocah padha rebutan. ,
Rampung padha maem bocah-bocah banjur
didawuhi sholat magrib bebarengan. Aku ya melu sholat wedi yen nanti selak
entek wektune nanging anggonku mlebu mesjid radha keri sinambi ngawasi
bocah-bocah sing ngeyel anggone sholat magrib.
Rampung sholat magrib banjur aku melu
kanca-kanca padha reresik. Aku, Fitri, Reza lan Udin kejatah ngasahi gelas ana
mburi. Kanca-kanca liane ya ana sik nyapu , ngepel banjur nggelari klasa dinggo
sholat tarwih.
Gawean ku karo Mbak Fitri uwis rampung ,
senadyan selak pengen ngrasakne kolak ana ngomah aku age-age ngajak mulih.
“ Mbak Fit gek ayo mulih ” kandhaku marang Mbak Fitri
“
kesusu ki ya ngapa ?? ” wangsulane Mbak Fitri
“
yo karang sik empuk nek kesikut ya lara to mbak ” kandha ku karo guyu
“
cah kok saru, ya ayo gek mulih ” wangsulane Mbak Fitri sinambi mlaku ngetan
arep mulih.
Aku karo mbak fitri sengaja golek dalan
sik ora eneng kebon e, dadi leh e mulih muter dalan rada adoh sitik, nanging ya
gur sitik ra akeh.
Neng ndalan durung adoh seka mesjid ana
ibu-ibu ya durung pati tuwa ngendek lakuku lan mbak fitri.
“ mbak njenengan
niku saged ngajar ngaji mboten ? lha kok anakku mulih-mulih nangis jare
diseneni guru ne “ pitakone marang aku
“ bu kula nyuwun
ngapunten nggeh saestu kula mboten ngertos wong kula mboten jatah sakniki,
nggeh mengkeh kula rembuk e kaliyan rencang-rencang, insya allah mboten kadeyan
malih bu ” wangsulan ku
“
o ya mbak , anakku ki ngaji ben pinter ora malah digawe tetangis ” kandhane
ibuk kuwi mau sik anak e mulih karo nangis merga dikon maca alfatihah ping
pitu.
Ibu kuwi mau banjur lunga aku lan mbak
fitri nerusake le mlaku karo crita-crita.
“ wah mbak tetep
ra trima nek iki aku , lha wong aku ra dong apa-apa kok ya isa-isane aku lhe
kena ” sambatku karo mangkel
“ walah yowis
sabar mengko ayo padha diomongne bareng-bareng rampung tarwih” wangsulane fitri
Aku ijeh mangkel marang kadadeyan iki
mau, aku selak pingin gek tekan ngomah banjur crito karo mamak ku lan takon “
njuk apa sik kudu tak lakokake ?”.
Neng ndalan ra pati adoh seko omah aku
weruh kirik cilik kang lagi dikrangkeng karo bendarane neng njobo omah. Aku
wedi yen kudu liwat neng sakpinggiring kirik kuwi wedi yen nanti mengko gek
aja-aja aku diuyak lan dicokot, mula aku lhe liwat ya radha ati-ati lan
alon-alon.
Kancaku mbak fitri wong e kemendel
njarak nggodo kirik kuwi mau aku wis mengeng neng tetep wae ijeh ngeyel.
Batinku wis ora kepenak babar blas.
Mbasen mbak fitri rampung lhe nggodo
kirik kuwi mau banjur nerusake leh e mlaku ora nyangka yen seko mburi bakal
dioyak karo kirik sik luweh gedhe lan lakune uga banter karo njegog i. Aku lan
mbk fitri mlayu banter karo dek-dekan wedi yen nanti kecandak mbasen tekan
cakruk aku lan mbk fitri ndelik ana ing cakruk neng kana uga ana bakul some sik
wani nggusah kirik kui mau. Kirik e banjur lunga aku maturnuwun marang mas e
bakul some.
“ Yas ayo gek ndang mulih selak kirik e metu meneh ” ajake fitri
“
ngapa mang e ? wedi karo kirik ta ? ” le ku jawab karo guyu ngece
“
halah , lha pa kowe ki ora wedi ? ” pitakone meneh marang aku
“ ora , wong aku
ra mlayu kok tur njrantal , yo wes gek ayo muleh selak mamakku ngenteni e”
wangsulnaku karo mlaku mulih
Aku karo mbak fitri banjur muleh. Kerep
anggonku noleh mburi wedi yen nanti diuyak maneh.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar