Cerkak 2
Gara-gara
Facebook
Dening : Mei Nur Diah
SMA N 1 Gamping
Wengi
tan saya peteng rembulan abang ing pucuking ngara-ara gawe endahing wengi iki,
lintang pating kremelip cilik-cilik nanging akeh ing angkasa . Hawane anyep
pating sresep gawe ayem lan tentreming ati.
Wulan
bocah ayu kang nduwe hobi nari dek semono isih kelas 11 mula deweke isih pengen njajal werna-wernaning tarian. Wiwit
seka sik tayungan tekaning jathilan. Nanging ora kabeh kepinginan kuwi bisa
kalakon kanthi pada karo sik dikarepke.
“Pak, yen kula melu jathilan angsal
mboten?” pitakone Wulan marang bapake
“Ora, cah wedok kok melu jathilan!!”
semaure bapake Wulan
“Lha kula namung pengen
nglestantunaken budaya e Pak, kula namung melu sik nari mboten ngantos ndadi”
wangsulane Wulan karo mijeti bapake karepe Wulan bisa idep-idep njipuk atine
bapake.
“Tetep ra oleh, arep sekolah apa
arep njathil?” semaure bapake Wulan karo mbentak.
Wong
tuwane Wulan ora setuju yen anake melu jathilan mergane bapake ora seneng anake
disawang elek karo wong liya. Ya karang jenenge cah enom yen nduwe kekarep kudu
kelakon. Ing wengi kuwi Wulan pamit marang wong tuwane yen dheweke arep teka
neng omahe kancane nanging sejatine Wulan
arep ing papan anggone dheweke bisa melu jathilan.
“Pak,Mak
tak dolan neng nggone kancaku sik ya?” pamite Wulan
“Ya, nanging aja bali wengi-wengi lho!” wangsulane bapake Wulan
“Iya lho insya allah” semaure Wulan karo guyu
“Ya, nanging aja bali wengi-wengi lho!” wangsulane bapake Wulan
“Iya lho insya allah” semaure Wulan karo guyu
Dheweke
ora ngerti yen meneng-meneng bapake ngetutake playune motore , Wulan kuwi yen
nduwe kekarep ora bisa dipengkak, mula ya kudu diawasi. Sakwise tekan ing desa
anggone Wulan latihan jathilan dheweke kenalan marang salah sijine cah
jathilan. Bocahe bagus, dhuwur, eseme endah yen disawang ngayemke mripat .
“ Mbak, njenengan Wulan dudu ya ?” pitakone bocah bagus marang Wulan
“ Nggih mas, kula Wulan, lha
njenengan niku sapa ya ?” wangsulane Wulan
“Aku Fery mbak sik wingi mbengi sms-an
kalih njenengan” kandhane bocah bagus
kuwi
mau.
Banjur
Wulan diajak latihan jathilan bareng kanca-kanca liyane. Latihan sawetara tekan
jam 09.00 mbengi. Wulan wedi yen diseneni karo bapake mula anggone deweke
bali kesusu. Mbasen tekan kulon omah
dheweke age-age nyetandarke motor lan ndodok lawang omahe, ora biasane omahe
wis dikunci.
“Assalamuallaikum
Mak tulung bukake lawang” kandhane Wulan
“Ya,
Waalaikumsalam” semaure mamake Wulan sinambi mbukakne lawang.
Wulan banjur nglebokne motor. Neng
njero omah dheweke weruh bapake ijeh nonton acara bal-balan Indonesia lawan
Thailand, Wulan banjur lungguh njejeri bapak lan mamake.
“Piye nok, wis rampung lhe latian
jathilan mau?” pitakone bapake Wulan
“hee..la..latian jathilan apa ta
pak?” wangsulane Wulan, dheweke bingung
atine ndredek ra karuan , awake kemringet adem panas rasane kaya wong nunggu
hasil kelulusan.
“Bapak ki ngerti.. Bapak mau awan k
iwis muni piye ta? Arep nggugu omongane bapak ora, yen ora bapak wis ra arep
nyekolahke kowe meneh!!” kandhane bapake Wulan karo nesu.
Wulan bingung, dheweke langsung
tumuju kamar lan nutup lawang kamare kanthi banter “breek” . Ing njero kamar Wulan
mung bisa nangis dheweke bingung kudu piye “ tulilutlilut ” suara hpne Wulan
muni jebul ana sms seka kancane mau dheweke langsung curhat sms-an karo kenalane
neng kana kang nduwe jeneng Fery mau. Fery kuwi cah lanang kang gampang cerak
marang sapa wae, bocahe ya apikan ora mandang sapa wae sik njaluk tulung marang
dheweke bakal langsung ditulungi. Wulan ngrasakne cocok lan nyambung yen lagi
sms-an karo Fery kuwi mau. Mula suwe-suwe Fery karo Wulan bisa ngrasakne seneng
siji marang sijine. Anggone kekancan bocah loro kuwi mau dirampungi jenenge wis
dudu kancanan meneh nanging uwis dadi pacaran.
Yen
malem minggu karo dina minggu bocah loro kuwi mau ra ketinggalan anggone dolan,
yen malem minggu ya dolan ana ing alun-alun
kidul lungguh-lungguh ing pinggir lapangan karo tuku bakso bakar lan
crita-crita , yen minggu wiwit esuk bocah loro kuwi padha dolan ing
parangtritis dolanan banyu. Endah-endahe uwong kang lagi nandang kasmaran saben
dina mung guyu-guyu dewe, ora edan nanging saking bungahe. Ndilalah Wulan karo
Fery kuwi pada-pada uwong kang seneng gojekan.
Saiki
olehe pacaran uwis mlaku 17 sasi nanging ya jenenge wong nandang urip ora bakal
adoh karo sik jenenge pacoban. Masalah cilik bisa kalewati nanging piye-piye
cilik kuwi yen akeh bakale ya dadi gedhe.
Mulane
masalah saka media social kang lagi jamane yaiku facebook. Wulan ngrasakne ana
sik beda saka sifate Fery. Sejatine bocah loro kuwi mau ora ana apa-apa nanging
anehe facebook nggone Wulan diblokir karo Fery. Wulan ngrasa bingung dheweke
wedi yen nganti Fery seneng marang wong wedok liyane. Wulan nggawe facebook
meneh dinggo niliki apa sing dilakokne karo Fery.
Nanging
suwe-suwe Wulan weruh anggone Fery ngirimake pesan ing facebooke cah wedok
liyan kang jenenge “Vita Putri”. Saben dina uwong kang disenengi Wulan kuwi ra
tau adoh seka facebook e wong wedok kuwi. Wulan ngrasakne mangkel mulane dheweke
wedi arep takon karo pacare nanging deweke wegah atine kelara-lara terus
suwe-suwe dheweke wani anggone takon. Wulan ngajak ketemu pacare neng omahe
Fery, kanthi sabar dheweke takon alon-alon.
“ Mas jane njenengan karo Vita ki
eneng hubungan apa ta ? Aku ki cemburu e mas?”
pitakone
Wulan marang pacare.
“Aku ki mung kakak adik biasa ya
dik, rasah cemburu, ijeh kelingan yen nduwe pacar aku ki dik” wangsulane Fery marang Wulan.
Bali saka omahe pacare, Wulan rada
bisa ngrasakne ayem neng atine. Deweke bisa ngrasakne seneng. Dongane muga-muga
deweke lan pacare bisa pada-pada ngerteni kekarepane.
Nanging
suwe-suwe Wulan jengkel meneh karo pacare atine gethem-gethem pikirane uga wis
ngalor ngidul ra karuan panase awan iki ora luwih panas karo sik dirasakne karo
Wulan, pacare mbaleni apa sik ora disenengi karo Wulan meneh. Nanging saiki
Wulan ora bisa ngampet mangkele meneh dheweke muring-muring neng ngarepe Fery, Wulan
anggone nglakoni pacaran karo Fery wis rada susah dheweke nanti nduweni prinsip
“ trima mundur timbang lara ati” nanging atine kang durung bisa ngeculake uwong
kang sing ditresnani, pada uga karo Fery.
Ndilalah Fery ya ora bisa ngampet mangkele
meneh. Bocah loro kuwi mau pada-pada padu.
“ Mas, karepmu ki piye e, jare ora arep
mbaleni meneh nyatane ya ijeh pada wae ” pitakone Wulan
“
Lha aku ya gur kanca biasa ki, mosok ya ora oleh” wangsulane Fery
“
Aku ki oleh-oleh wae neng mbok ya biasa wae rasah sok ngeksis, nek njenengan
kaya ngene aku ya bisa luwih seka njenengan mas” semaure Wulan karo bandem isi
salak neng awake Pacare “ klethak ”ngenani bathuke. Tanpa suwara Fery ora gelem mangsuli nanging dheweke malah
nyampar gelas kang ana ing pinggire
“Krompyang” suwara gelas kuwi tiba seka nduwur meja,
pecah dadi pirang-pirang.
“rasah
mbantingi gelas, kuwi lhe tuku ibukmu …
a mbuh lah mas gelem ngene ra gelem ya uwis, ijeh bisa aku nek gur kon golek
sik luwih bagus, luwih bisa ngerteni timbang njenengan” Wulan mangsuli pecahe
gelas kang disampar mau.
Fery
sik rumangsa salah dheweke trima ngalah lan njaluk ngapura marang Wulan,
dheweke janji yen ra bakal mbaleni meneh. Nanging piye-piye Wulan wis angel
percaya meneh karo pacare. Dheweke ming waton manthuk banjur mulih nggawa
sewidak rolas mangkel kang ijeh kapendem neng atine.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar